Menu

Saturday 8 November 2014

Cangkriman

Cangkriman Wancahan

Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contone:
·       kabaketan = nangka tiba nang suketan.
·       pakboletus = tapak kebo ana lelene satus.
·       burnaskopen = bubur panas kokopen.

Cangkriman Pepindhan

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane. Contone:
·       Sega sekepel dirubung semut = salak.
·       Pitik walik saba kebon = nanas.
·       Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
·       Wit adhikih woh adhakah = waloh.
·       Wit adhakah woh adhikih = ringin.

Cangkriman Blenderan

Contone: Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.
1.    Rasane padha karo jenenge = sepet
2.    Biru bisane wungu dikapakke? Digebug, biru = babi turu, wungu = tangi.
3.    Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh. = wong mikul tumbu
utawa wadhah liyane sing sikile papat.
4.    Enak endi, daging kucing karo daging pitik? = yen jawabe daging pitik, tegese sampeyan wis nate mangan daging kucing.
5.    Burnas kopen, = bubur panas kokopen
6.    Jinekpa surba ngisi = kaji menek klapa, susure tiba, ditangisi.
7.    Jipat surlat kenthol = kaji mlumpat, susure mencelat, tekene ngganthol.
8.    Langdikum ditasbir = lulang dikum, dientas njebibir.
9.    Suru bregitu = asu turu dibregi watu
10.    krikil = keri-keri neng sikil
11.    kripik=keri-keri tur apik,
12.    getuk = kaget mergo ngantuk
13.    gembung = gelem di ambung
14.    kemah = kenak'an nek mlumah
15.    kendor mawat = kerjone kendor mangane kuat
16.    kopiah = kokehan pipine diowah-owah
17.    gembrot = gedhe tur nggemberot

18.    kolong peli = wingko bolong disumpeli

No comments:

Post a Comment